Wiji, Cerita Suroboyoan sing Nggapleki
Ceritane, waktu kue nyong nulis ning twitter kaya kiye. "Mau beli buku
teman yang nulis pake bahasa daerahnya. Trus aku mau review di blog, tapi pake
bahasa daerahku sendiri (ngapak).
Kayaknya jadi niat yang mulia."
Trus disautin Mas Paeng kaya kiye,
![]() |
Saut-sautan ning twitter asale |
Nyong dadi mikir, kayane pernah dikirimi buku karo Mbak Rina Tri Lestari.
Tapi urung tek waca. Masya Allah... Nyong yah wis kelalen bukune ning endhi,
apa andhang-andhang tek sumbangena. Rasane kok isin. Trus nyong iseng nggeti
ning rak buku, alhamdulillah kok yah masih ana. Nyong seneng banget. Ahire
bukune langsung tek waca.
Judule Wiji. Isi ceritane dibuka karo suasana kosan ukuran telu ping lima
sing ditunggoni karo penganten anyar. Wiji, karo Diman. Wiji karo Diman kie
kerjane tukaran bae unggal wengi. Sembareng sing kasure sempit, sue ngenteni
adhus, karo rusan cemburune Diman ning bojone. Merga bojone ayu, Dirman kadang
sering cemburu. Cemburu ora jelas karo sapa. Ning awal-awal kiye nyong
ngguyu--ngguyu dewek macane.
Ora let sue, Wiji karo Diman due anak arane Tomin. Tomin kiye bocahe jen
rada nakal (mbuh iya pancen nakal, sih. Pas Bapane gawe kolam ning mburi umah,
esuke malah dibom karo mercon. Jelas bae iwak sing masih cilik-cilik kue pada
ngambang. Tomin, umure patang tahun, tapi mblegidike ora karuan kue bocah. Ora
bisa meneng, tur radha licik semit. Hahahaha, gambarane Mbak Rina kaya kue,
sih.
Waktu ibune Wiji lara, ndilalah ibune Diman ya lara. Ibune Wiji manjing
rumah sakit, sementara ibune Diman ora. Wiji nonggoni ibune ning rumah sakit,
sementara Diman kudu ngurusi anake lanang sing rada nakal kue. Telung dina
njaga anak lanange, Diman ngerasa kesel. Unggal esuk ngadusi, ndhulangi, trus
nganterena sekolah. Sing digawe ngguyu, pas wis anjog sekolahan, rupane tase
keri. Ahire Diman balik maning njikot tase Tomin. Bolak-balik kaya kue.
Paling kekel kue pas Tomin arep disunat. Ceritane awale Tomin semangat
banget, ngomonge ora wedhi. Lah, nyatane pas giliran arane diundang bocahe
malah langka. Digetheni, mlayu. Ahire Tomin nggo uber-uberan wong sekampung.
Tapi ora ketemu. Weruh-weruh, Tomin malah kejegur jumbleng! Wakakakakakaka...
Pas Wiji meteng maning, melasi Diman. Disingkirena karena Wiji ngidame
wadhe ning bojone. Wis, pokoke lucu maca iki. Primen ahire Diman, apa tetep
diwadheni bojone, ketambahan ding anake Tomin sing madheni banget :)))). Angger
penasaran pengen maca, coba bae ngundang Mbak Tri ning twitter. Akune
@roro@asyu. Esih ana ora bukune :)
Maca iki, nyong dadi belajar bahasa jawa surabaya. Kaya gundule, ternyata
kue endhas. Nyong maune mikir jero, apa maksute ngukuri gundule (pengertiane
nyong, gundul kue ndhas botak). Ana bahasa sing nyong ora ngerti, tapi ora
ngurangi nyong mahami cerita ning buku kiye. Suwun Mbak Tri, wis nulis cerita
apik kiye. Sengaja tek tulis nganggo bahasa ngapak, ben gentian, ya.
Hehehehe... Nyong yah arep belajar nulis cerita kaya kue, nganggo bahasa ibu.
2 komentar
Wis lawas ora krungu kata manjing :D
BalasHapusKayane ceritane lucu mbak, sekeluarga tokohe ora nana sing beres.
Ket mbiyen nyong ya dolan nang blog e Mbak Rina mung nunggu lanjutane cerita Diman.
BalasHapusNgelingna kanca kuliahku cah Suroboyo.
Personal blog, kadang anti sama spammer yang hanya menyebar link. Lebih mengutamakan pertemanan antarpersonal. Komentar kembali dimoderasi masih banyak obat-obatan yang nyepam :D :P